Nuwun,
para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula kurmati.
Saderengipun
kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung awit kula jumeneng ing mriki.
Ibu
Herlina Mega Puspitasari kula minangka wakilipun Bapak Rudianto sekaliyan
ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bapak Rudianto sekaliyan
nembe ngeraosaken bombongin penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung
talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.
Sepindah,
Bapak Rudianto sarimbit ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti
Allah SWT ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan dhumateng Bapak saha Ibu
Hermawan, katitik ing wekdal punika saged ngajangi pawiwahan upacara
pasrah-pasrahan.
Ingkang
kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak Rudianto sekaliyan ngaturaken pambagya
rahayu wilujeng rawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki
mlarapaken sarat sarana pasrahan saking dalem dumugining wisma mriki.
Kaping
tiga, salam taklimpipun Bapak Hermawan lumantar panjenengan, kula tampi kanthi
suka rena, gumbira ing manah. Mugi pangajab lan pandonga kala wau kajibahan
dening Allah SWT, ambabar kanugrahan, kawilujengan dhumateng kula sawarga,
sumrambah ing para tamu sedaya. Boten langkung dhawah sami-sami.
Semanten
ugi, lumaraping sekar cepaka mulya sasele, inggih pasrahipun putra calon
temanten kakung katampi kanthi renaning penggalih. Suka bingahing manah saking
Bapak Rudianto sarimbit, menawi kenging kawedhar ing akathah, saha kepareng
rinumpaka ing ukara, kadi kajugrugan wukir sari kabelebeging samodra madu. Ing
salajengipun, menawi sampun dumugi titi wanci tumapaking gati tumunten badhe
kapanggihaken anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun sinengker ing
tlatah Jetis RT 1 RW 11 Sukoharjo, saha badhe kabiwadha sakadaripun dening
Bapak Rudianto sakukuban.
Salajengipun,
Bapak Rudianto sampun kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan
kalampahanipun dhauping penganten, namung sagaduking kuwawi kula. Ingkang
punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang
sampun dipuncawisaken, semanten sawetawis ngiras pantes angresteni dhaupipun
penganten.
Minangka
puputing atur, menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kula hangacarani
menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih jalanidhi pangaksami.
Semanten ugi, minangka talanging basa, hambok bilih anggen kula matur wonten
kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa
menawi lepat nyuwun pangapura.
Aakhiru
kalam, uushikum wanafsi bitaqwallaah.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar